Struktur Artikel Bahasa Jawa
August 22, 2022 | Author: Anonymous | Category: N/A
Short Description
Download Struktur Artikel Bahasa Jawa...
Description
ARTIKEL
STRUKTUR ARTIKEL AR TIKEL
Irah-Irahan
Cara Penanggulangan DBD
Pambuka
Demam berdarah utawi DBD inggih menika penyakit ingkang ndamel penderita ngraosaken nyeri ingkang sanget. DBD menika disebabaken dening virus ingkang ditularaken saking gigitan nyamuk. Sakmenika Indonesia pikantuk peringkat penderita kaping kalih saksamunipun Brazil. Miturut data saking kementrian kesehatan taun 2009-2011, 2009-201 1, jumlah kematian amargi DBD wonten ing Indonesia dumugi 1.125 kasus. Data kasebat nempataken Indonesia wonten ing Asia Tenggara Tenggara minangka negara paling inggil wonten ing kasus penyakit DBD.
Pamrayogi
Cara nyegah penyakit DBD saged dipuntindakaken dening cara 3N, inggih menika singkatan saking (nutup, nguras, nimbun). Konjuk mbrantas jentik nyamuk ugi ngindaraken saking nyamuk DBD kaliyan cara : 1. Nutup. Nutup rapet-rapet sedaya panggen pandhusunan toya, kados bak toya, ember isi toya, vas sekar, gentong, drum, ugi sak panunggalipun 2. Nguras. Nguras panggenan pandhusunan toya, kados bak adus, vas sekar, gentong, ugi sak panunggalipun 3.
Ngubur utawi nimbun. Nimbun sedaya sampah-sampah ingkang
saged diurai kaliyan siti, kados kertas, kayu, barang bekas, ugi sak panunggalipun Cara ngobati penyakit DBD. Nalika gejala DBD nempuh, penanganan ingkang enggal inggih menika ngunjuk obat pemandhap benter ingkang ngandung parasetamol. Menawi saksampunipun setunggal dinten benter mboten mandhap-mandhap, enggal tindak wonten ing dokter. Menawi positif, enggal bekta wonten ing griya sakit. Miturut modern, penyakit DBD mboten wonten obatipun, namung diinfus kagen nambah tenaga. Cara ingkang saged ngatasi penyakit DBD inggih menika, kaping setunggal ngunjuk toya pethak ingkang kathah supados mboten
dehidrasi. Kagen tiyang dewasa cekap 20 gelas saweg saben dinten. Mila lambung mboten maag, saged disukani toya krambil. Ingkang kaping kalih, ngatahaken nedha senaos mual. Ingkang ketiga, saged kaliyan ngunjuk 2 sendok sari kurma 2-3 jam pisan kagem ningkataken tenaga. Kaliyan cara-cara mekaten penyakit DBD mboten saged nempuh kula lan panjenengan sami.
Katrangan
Demam berdarah tasih kathah kedadean wonten ing sekitar kula lan panjenengan sami. Kula lan panjenengan minangka tiyang ingkang tasih sehat kedah nyegah supados kula lan panjenenan kahindar saking penyakit DBD menika. Kula lan panjenengan ugi kedah ngelingake tiyang sanes menapa kemawon ingkang nyebabaken penyakit DBD.
View more...
Comments