PRANATACARA MANTEN

June 10, 2019 | Author: Abdul Rohim | Category: N/A
Share Embed Donate


Short Description

B.Jawa...

Description

PRANATACARA MANTEN

MANTEN Titi laksana pahargyan ingkang katindakaken ing madyaning bebrayan Jawi asring dipun pandhegani dening juru pranata adicara. Jejibahanipun wiwit saking ngadani pambuka, wosing gati, selingan peprenesan, ngantos dumugi panutup. Ing pangajab rancanging acara ingkang sampun karumpaka saged lumampah kanthi gancar lancar. Wondene priyagung ingkang atur pambagya raharja jamak limrah minangka dados badan wakil kulawarga. Sesorah ingkang dipun andharaken dening pamedhar sabda, kathah-kathahipun kasalira dening sesepuh utawi para winasis. PRANATACARA Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Pangeran mugi tansah manunggal ing kita. [pasrah lamaran] Nuwun, kulanuwun. anjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. ara tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. !anthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng angeran, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberna dhumateng kawula.  "mit pasang pasang aliman tabik, mugi tinebihn tinebihna a ing iladuni iladuni myang tulak tulak sarik, dene kawula kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur, kawula minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan. anjenenganipun #apa % sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kawula minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan, ingkang sepisan& ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumarambah para kulawarga samudayanipun. Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun wonten pirembagan ing antawisipun #apa $ sekalihan ingkang hanggadahi putra kakung kekasih pun #agus Santo kaliyan #apa % sekalihan garwa ingkang hanggadahi putra sesilih 'r 'atih. (umolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, ndhodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh

anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun #apa $ sekalihan anggenipun katampi panglamaranipun pramila ing kalenggahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka  jangkeping tatacara salaki rabi. Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun #apa % sekalihan garwa inggih punika& Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenggo mboten saged pisah salami-laminipun. !asoking katresnan #apa $ sekalihan dhumateng #apa % sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud rasukan sapengadhek, ing pangajab minangka agemanipun calon penganten putri. )boten kekilapan #apa $ sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun #apa % sekalihan garwa netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. !ejawi punika panyuwunipun #apa $ sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. )inangka pungkasaning atur, hambok bilih #apa $ sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kawula minangka sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan, menawi wonten gunyak-gunyuking wicara cawuh kliruning basa kisruhing paramasastra miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kawula nyuwun sihing samodra pangaksama. Nuwun. Wassalamu*alaikum wr wb. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Maha !u"i mugi tansah manunggal ing kita. [nampilamar] Nuwun, kulanuwun. +humateng panjenenganipun #apa " ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. !anthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit saking mradapa keparengipun #apa % sekalihan garwa, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun #apa $ sekalihan lumantar panjenenganipun #apa ". )inangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, sa lajengipun dhumawaha sami-sami. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah. Ing salajengipun, mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun #apa % sekalihan garwa. )boten kekilapan panjenenganipun #apa % sekalihan garwa namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng #apa $ sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus

putra pinaringan raharja mulya. Namung semanten panampi saking #apa % sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun #apa $ sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya. )inangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen #apa % sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kupat  janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama. Nuwun. Wass. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Maha !u"i mugi tansah manunggal ing kita. [pranata"ara] Nuwun, kulanuwun. anjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. unapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.  "mit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. !ula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika. Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning (usti Ingkang )aha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. !atitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng #apa % sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. ara tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih& ko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga +wi laksitagati rawuh  jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung atur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan anca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati

ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian /asta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan. )ekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending0 saking aguyuban !arawitan ranatalaras ingkang dipangarsani panjenenganipun #apa ahyono. Nuwun, nuwun, matur nuwun. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Maha !u"i mugi tansah manunggal ing kita. [pasrah penganten] Nuwun, kulanuwun. anjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. unapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. !anthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng (usti, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula lan panjenengan sadaya.  "mit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan 1kawula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung mugi katur panjenenganipun #apa % sekalihan garwa2. anjenenganipun #apa # ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun #apa % sekalihan ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kawula wonten ngarsa panjenengan, ingkang sepisan& ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun #apa $ boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim #apa $ ingkang lumantar kawula mugi katura ing panjenenganipun. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Jangkep kaping kalih, rehning putra calon temanten kakung pun #agus Santo, atmaja kakung saking #apa $ sekalihan ingkang pidalem ing Salatiga sampun kelampahan dhaup suci kaliyan

'ara 'atih, !enya siwi saking panjenenganipun #apa % sekalihan, kala wau dinten 3333333., surya kaping 333333333, wanci tabuh 33333, mapan ing 3333333333.., kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa. Sarehning sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kawula pasrahaken, mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten. !awula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi (usti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya. +ene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kawula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga. Salajengipun, hambok bilih anggen kawula hanjejeri minangka talanging basa wonten gunyakgunyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing reh tata karma, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Nuwun.Wass. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Maha !u"i mugi tansah manunggal ing kita. [nampi penganten] +humateng panjenenganipun #apa " ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. !anthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparingipun #apa % sekalihan, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun #apa $ sekalihan lumantar panjenganipun #apa ". )inangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget ketampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun #apa % sekalihan garwa. )boten kekilapan #apa % sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng #apa % sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya. Namung semanten panampi saking #apa % sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab4panggih, kasuwun panjenenganipun #apa $ sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya. )inangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen #apa % sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-

gunyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Wass. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Maha !u"i mugi tansah manunggal ing kita. [pambag#ahar$%] Nuwun, kulanuwun. anjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. unapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.  "mit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. !ula minangka talanging basa 1duta saraya sulih sarira2 saking panjenenganipun #apa % sekalihan kanthi suka bingahing manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur sagung para tamu ingkang sampun kersa hangrawuhi pahargyan punika. Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning (usti Ingkang )aha Suci, dene hajatipun #apa % sekalihan anggenipun hamengku gati, ndaup-aken putranipun ingkang sesilih N sampun kalampahan dhaup kaliyan bagus ) putra kakungipun #apa $, rikala dinten 33333.. surya kaping 333333 wanci tabuh 33333. wonten ing 33333333.., kanthi wilujeng nir ing sambekala. !aleksananing pahargyan punika karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangentengaken sesanggeman. Ingkang punika panjenenganipun #apa % sekalihan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. )ugi sih kadarman panjenengan sami dadosa sarana sih sutresna, saengga pikantuka leliru ingkang satraju miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. #apa % sekalihan neda sih panarima panjenengan sami, kersaa paring donga pamuji pangastuti. )ugi-mugi sri penganten sekalihan sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh, sageda atut runtut dumugining kaken kaken lan ninen ninen, rahayu widada kalis ing sambekala. )ugi-mugi sri penganten sekalihan enggal pinaringan momongan ingkang bekti dhumateng (usti, rama ibunipun, lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng negari lan bangsanipun murakabi dhumateng bebrayan agung.5 )inangka pungkasaning atur. /ambok bilih wonten kekiranganipun #apa % sekalihan anggen hanampi ing menggah rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyakgunyuking wicara cawuh kliruning basa kisruhing paramasatra, wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura. 'ahayu, rahayu ingkang sarwi ginayuh. Nuwun. Wass. Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Gusti ngkang Mahasu"i mugi tansah manunggal ing kita sa&a#a. [ngun&uh manten] Nuwun, kulanuwun. anjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha

kinabekten. ara tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. !anthi pepayung budi rahayu, saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng (usti, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula lan panjenengan sadaya.  "mit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan, kawula kadhawuhan ngundhuh putra temanten putri mugi katur panjenenganipun #apa % sekalihan garwa. anjenenganipun #apa # ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun #apa % sekalihan garwa ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kawula wonten ngarsa panjenengan, ingkang sepisan& ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun #apa $ boten saged hanindakaken piyambak ngundhuh putra temanten putri, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun #apa $ ingkang lumantar kawula. Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun kadhaupaken #agus Santo putra kakung #apa $ kaliyan 'r 'atih putra sesilih #apa %, rikala 33333333333333333.. . ramila ing kalenggahan punika, #apa $ ngaturaken angsal-angsal miwah upakarti minangka  jangkeping tatacara salaki rabi. +humateng panjenenganipun #apa # dalah pangaraking ngundhuh temanten, katuran pinarak kanthi mardhika miwah hanjenengi sedaya adicara. )inangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kekiranganipun #apa $ anggenipun ngaturaken angsal-angsal dalah upakarti, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura. Nuwun.Wass Assalamu'alaikum wr wb, Tresna asih Pangeran mugi tansah manunggal ing kita sa&a#a. [nampi ngun&uh manten] Nuwun, kulanuwun. +humateng panjenenganipun #apa " ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun #apa $ sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. !anthi linambara trapsila ing budi, miwah ngaturakan sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun % kaliyan garwa, kula 6ntung saking 'ejomulyo Semarang, piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun #apa $ sekalihan, lumantar panjenenganipun #apa ". )inangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, mugi dhumawaha sami-sami. Sadaya SI/ pisumbang salajengipun bade kula aturaken wonten ngarsanipun #apa % sarimbit, mugi-mugi awit saking pangestunipun, sageda handayani anggenipun mengku karya. Sadaya peparingipun kadang besan katampi. Semanten ugi, inggih ngundhuh manten katampi,

kanthi suka renaning penggalih. )ugi-mugi anggenipun mbangun bale wisma enggal tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi, miwah tansah gagah ingkang jinangkah. +humateng panjenenganipun #apa " dalah pangaraking ngundhuh temanten, katuran pinarak kanthi mardhika saperlu hanjenengi sedaya adicara. )inangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura. Nuwun. Wass. PAA(AN )*MENENG  "ssalamu*alaikum wr wb, ara tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon. Nuwun, ngaturi uninga bilih #apa Sutarno sakulawangsa ngambali sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa upami, dene #apa4Ibu Siswanto sampun kepareng rawuh paring berkah pangestu dhateng putra temanten kekalih, inggih "dimas Santo lan +hiajeng 'atih ing wiwawahan jumeneng wekdal punika. Saksampunipun paring berkah pangestu kanthi jawat asta saha paring pangandika, ing salajengipun kersaa para tamu angrahabi4 angresepi pasugatan prasaja kanthi mardika, inggih punika kanthi cara prasmanan ing papan ingkang kasamektakaken. Sumangga, nuwun. ara tamu kakung miwah putri ingkang sinudarsana. #apa Sutarno sakulawangsa saestu bombong ing manah, pramila sanget0 ngaturaken agenging panuwun dhumateng para tamu kakung putri ingkang sampun kersa rawuh saha paring berkah pangestu. Saksampunipun angrahabi4angresepi pasugatan ingkang sarwo prasaja saha wawan pangandikan kaliyan para kadang karuh, menawi kepenggalih cekap, saha ngersakaken kondur, kawula sedaya namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi winantua ing karahayon. Nuwun.Wass.

View more...

Comments

Copyright ©2017 KUPDF Inc.
SUPPORT KUPDF