pidato bhs jawa

November 13, 2017 | Author: awanygx | Category: N/A
Share Embed Donate


Short Description

Download pidato bhs jawa...

Description

PENTINGIPUN SOPAN SANTUN ING GRIYA LAN ING SEKOLAH Assalamu’alaikum Wr. Wb. Poro rawuh ingkang kulo hormati, Langkung rumiyen monggo sedaya kula lan panjenengan atur syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sahingga ing wekdal punika kita saget kempal ing panggenan punika kanthi sehat walafiat. Mugimugi kekempalan kita ing dinten punika wonten gina lan manfaatipun. Shalawat lan salam mugiya tetep kaaturaken dumateng nabi kita Muhammad SAW, ingkang sampun maringi pitedah lan bimbingan dumateng kita sedaya. Poro rawuh ingkang kula hormati. Umumipun ing jaman globalisasi punika katah pengarung lingkungan ingkang kiat sanget tumraping pendidikan, tuwin perkembangan teknologi canggih ing jaman sak punika, kados-kados sopan santun kanggenipun lare-lare meh badhe ical. Ing ngriki kula badhe nyariosaken bab pentingipun sopan santun ing griya lan ing sekolah. Sopan santun punika perlu sanget kangge kita sedaya. Wonten ing kalangan keluarga, sekolah lan masyarakat. Sopan santun punika salah setunggalipun bagian saking ajaran kita umat islam khususipun lan tiyang jawi umumipun. Pramila sopan santun ing kalangan keluarga penting sanget. Amargi wonten ing saklebetipun keluarga punika wonten bapak, ibu lan putra-putranipun ingkang kedah ngertos unggah-ungguh, tepa selira, tata krama lan jagi kesopanan. Umpamanipun putra-putra lan ibu kedah jagi kesopanan dumateng bapak, semanten ugi bapak inggih kedah jagi kesopanan dumateng ibu lan putra-putranipun kolowau lan sageto dados contonipun anggota kluarga sedoyo. Dene ingkang putra kedah saged jagi kesopanan dumateng anggota keluarga ingkang langkung sepuh lan

mbangun miturut dumateng dhawuhipun bapak lan ibu. Langkung-langkung ing babakan wicantenan tingkah laku lan tumindak sedayanipun kedah dipun jagi. Para rawuh ingkang kula hormati, Sak lajengipun bab sopan santun ing sekolah. Ing sak lebetipun sekolah punika wonten masyarakatipun ingkang dipunwastani warga sekolah. Antawis setunggal lan setunggalipun kedah jagi kesopanan. Umpaminipun murid datheng gurunipun utawi murid ingkang enem datheng murid ingkang langkung sepuh lan ugi datheng warga sekolah sanesipun. Semanten ugi guru dumateng murid utawi murid ingkang sepuh dumateng murid ingkang langkung enem lan warga sekolah sanesipun. Ingkang kedah dipun jagi inggih punika wicantenan, tingkah laku, unggah-ungguh, tata krama utawi sopan santun. Sedaya punika menawi dipunlaksanaaken kanthi manah ingkang ikhlas saget andadosaken guyub rukunipun warga sekolah. Adedasar sopan santun utawi tata krama lan unggah ungguh ingkang sampun kalaksanaaken wonten ing keluarga lan sekolah punika kala wau bade kabekta datheng lingkungan masyarakat. Amargi masyarakat punika kadadosan saking warni-warni budaya lan adat istiadat. Kangge jagi pasederekan punika kita kedah jagi lan ngleksanaaken sopan santun utawi tata krama lan unggah-ungguh, sak sampunipun mlebet lan kempal wonten ing masyarakat. Menawi sopan satun punika kajagi, pasederekan kita saget langgeng lan saget mujudagen pasederekan, ingkang saged dadosaken patuladan ing masyarakat. Wasana cekap semanten anggen kula matur, mugi-mugi wonten gina lan manfaatipun lan sageto dipun laksanaaken ing pundi kemawon, bilih wonten kaladukipun atur kula bonten langkung, kula nyuwun agunge samudra pangaksami. Nuwun…. Wasalamu’alaikum Wr. Wb

View more...

Comments

Copyright ©2017 KUPDF Inc.
SUPPORT KUPDF