Bahasa Jawa

January 16, 2018 | Author: wilmail9 | Category: N/A
Share Embed Donate


Short Description

OK...

Description

1. Nuwun, Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan. Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan. Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa. Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun. Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani …

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 9. Setitekna geguritan iki! Lintang Wengi Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa Agawe pangungun sadawane gili Wasana ….. Den semu Geneya …..? Panjeriting lintang wengi Dicelathu sajroning kalbu Smara jati kang kasiput mendhung …… miris ……… jebul datan anyandhak Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku … a. lintang kang njeritd. langit kang kebak mendhung b. swasana kang petenge. ora katon srengenge c. lintang kang abyor 10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku … a. kringet d. angin b. getih e. geni c. sirah

1

11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku …. a. Rasa senengd. rasa miris b. Rasa kangen e. rasa tresna c. Rasa kaget 12. Wos surasane paragraf kapindho yaiku …. a. Rasa senengd. rasa miris b. Rasa kangen e. rasa tresna c. Rasa kaget 13. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku … a. kluwarga d. pitutur kang becik b. lingkungan e. panguripan c. kabudayan 14. Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani …. a. Tanggap wacana d. wara-wara b. Kampanye e. sayembara c. Atur-atur 15. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku …. a. Sesirah (judul)d. Surasane wedharan b. Tema e. Basa c. Subtema 16. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku …. a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan b. Tema e. Basa c. Subtema 17. Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku … a. sapa kang medhar sabda b. sepira bayarane c. apa kang kawedhar d. kepiye swasanane e. kepiye tujuwane medhar sabda 18. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku a. Pambuka b. Panutup c. Salam panutup d. Surasa basa e. Satata basa 19. Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking

ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf …………. a. Deduktif d. Intensif b. Induktif e. Ekspositoris c. Deduktif-Induktif 20. Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf … a. Deduktif d. Intensif b. Induktif e. Ekspositoris c. Deduktif-Induktif 21. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf … a. Deduktif d. Intensif b. Induktif e. Ekspositoris c. Deduktif-Induktif 22. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku …. a. Guru wilangan d. purwakanthi b. Guru lagu e. dong-ding c. Guru gatra 23. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku …. Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane …. a. Guru wilangan d. purwakanthi b. Guru lagu e. dong-ding c. Guru gatra 24. Ing ngisor iki diarani tembang macapat … Yen wong anom puniku kakehan panggunggung dadi kumprung pengung bingung wekasane pan angoling yen digunggung muncu-muncu kaya wudun meh mecothot a. Sinom d. Gambuh b. Dhandhaggula e. Pangkur c. Megatruh 25. Ing ngisor iki diarani tembang macapat … mingkar-mingkuring angkara akarana karênan mardi siwi sinawung rêsmining kidung sinuba sinukarta mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung kang tumrap nèng tanah Jawa agama agêming aji a. Sinom d. Gambuh b. Dhandhaggula e. Pangkur

2

c. Megatruh 26. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang kang diarani … a. Satata basad. Titi mangsa b. Adangiyah e. Peprenahan c. Purwaka 27. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani … a. Satata basad. Titi mangsa b. Adangiyah e. Peprenahan c. Purwaka 28. Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku … a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan b. mustaka, netra e. rikma, asta c. palarapan, jangga 29. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku …. a. krama d. Ngoko alus b. Krama inggil e. Krama andhap c. Ngoko lugu 30. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku … a. krama d. Ngoko alus b. Krama inggil e. Krama andhap c. Ngoko lugu

34. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku … a. krama d. Ngoko alus b. Krama inggil e. Krama andhap c. Ngoko lugu 35. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku …… a. krama d. Ngoko alus b. Krama inggil e. Krama andhap c. Ngoko lugu II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati ! 1. Gawea tuladhane paragraf deduktif lan induktif? Nyiji wae! 2. Nitik saka guru wilangan lan guru lagune, ing ngisor iki pathokan kanggo nulis tembang : a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u 3. Jlentrehna makna tembang macapat Pocung ing ngisor iki! Ngelmu iku, kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara

4. Kramakna! Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures. Dolanan iki mirip 31. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan kawuri, dolanan iki kerep-kerepe diparagani bocahawit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh digunakake yaiku … sing seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-anjang a. krama d. Ngoko alus widadari kairingan tetembangan. Hamula kuwi, dolanan b. Krama inggil e. Krama andhap tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing c. Ngoko lugu babagan kawasisan ngracik ukara lan milih tembung. 32. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan tumrap bocahiku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang bocah. trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku …. 5. Tulisen nganggo aksara Jawa! a. krama d. Ngoko alus pranyata obahe mangsa lan wektu b. Krama inggil e. Krama andhap tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu c. Ngoko lugu pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa ngunjara blegere wujud lan awakmu 33. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku … a. krama d. Ngoko alus b. Krama inggil e. Krama andhap c. Ngoko lugu

3

KUNCI SOAL BAHASA JAWA KELAS XI I. 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10.

A 11. C 21. B 31. B B 12. D 22. A 32. B C 13. E 23. C 33. D C 14. A 24. D 34. D D 15. B 25. E 35. A A 16. D 26. A 36. A B 17. D 27. E 37. B E 18. A 28. C 38. C B 19. A 29. C 39. A B 20. A 30. A 40. B

II. 1. Kawicaksanan guru.

41. D 42. E 43. A 44. D 45. E

2. a. Dhandhanggula b. Asmaradana 3. Ngelmu iku kelakon kanthi sinau, nanging pancen kelakone kudu direwangi rekasa luwih dhisik (kawicaksanan guru) 4. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetang dolanan tradhisional ingkang sampun cures. Dolanan punika saemper dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan punika asring dipunparagani lare-lare estri, nanging lare-lare jaler ugi kathah ingkang remen dolanan punika. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Pramila punika, dolanan tradhisional punika kaperang dolanan ingkang nggladhi babagan kawasisan ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan punika ugi nggladhi pasrawungan tumrap lare-lare.

4

View more...

Comments

Copyright ©2017 KUPDF Inc.
SUPPORT KUPDF